Jawaban: Teks Narasi lan JeniséTeks narasi yaiku teks kang nyritakaké kedadeyan utawa prastawa miturut urutan wektu. Biasané ngemot tokoh, latar, konflik, lan alur crita.1. Narasi FiksiNarasi iki adhedhasar imajinasi (kagolong karangan rekaan). Contoné: dongeng, cerkak, novel, legenda.Ciri-ciriné: Ana tokoh lan wataké, Duwé alur utawa jalane crita, Dadi hiburan utawa pesen moral.2. Narasi NonfiksiNarasi iki adhedhasar kasunyatan utawa fakta.Contoné: biografi, otobiografi, laporan perjalanan.Ciri-ciriné: Isiné fakta nyata, Ditulis adhedhasar pengalaman beneran, Sering digunakaké kanggo informasi.3. Narasi EkspositorisNarasi kang tujuané menehi informasi kanthi jelas lan objektif.Contoné: sejarah, laporan kejadian.Ciri-ciriné: Fokus marang informasi, Ora ngandhut emosi utawa perasaan penulis.4. Narasi SugestifNarasi iki nyoba ngaruhaké perasaan utawa pikiran sing maca.Contoné: cerkak, crita motivasi.Ciri-ciriné: Duwe unsur rasa (emosi), Critané bisa nggawe sing maca mbayangaké utawa ngrasakakéJADIKAN JAWABAN TERBAIK